Selasa, 07 April 2009

Wedha-Tama

Wedhatama

Karya K.G.P.A.A. Mangkunagoro IV
Surakarta Hadiningrat


Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawang resmining kidung,
Sinuba-sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageing Aji.

Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganging pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pakumpulan,
Gonyak-ganyuk nglilingsemi.

Nggugu karasane priyangga,
Nora nganggo paparah lamun angling,
Lumuh ingaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu,
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis.

Si Pengung nora nglegewa,
Sangsayarda denira cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Kandhane nora kaparah,
Saya elok alangka longkanganipun,
Si Wasis waskhita ngalah,
Ngalingi marang di pingging.

Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaranan cubluk,
Sukeng tyas yen den ina,
Nora kaya si Punggung, anggung gumunggung,
Ugungan sadina-dina,
Aja mangkono wong urip.





Uripe sapisan rusak,
Nora mulur nalare ting seluwir,
Kadi ta gywa kang sirung,
Sinerang ing maruta,
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
Pindha padhane si mudha,
Pradene peksa kumaki.

Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah-wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lah iya ingkang rama,
Balik sira, sarawungan bae during,
Mring atining tata karma,
Nggon-anggon agama suci.

Socaning jiwangganira,
Jer katara lamun pocapan pasthi,
Lumuh asor kudu unggul,
Sumengah sosongaran,
Yen mangkono kena ingaran katungkul,
Karem ing reh kapawiran,
Nora enak iku kaki.

Kekerane ngelmu karang,
Kakarangan saking bangsaning gaib,
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad,
Amung aneng sajabaning daging kulup,
Yen kepengkok pancabaya,
Ubayane mbalenjani.

Marma ing sabisa-bisa,
Babasane muriha tyas basuki,
Puruitaa kang patut,
Lan traping angganira,
Ana uga angger-anggering kaprabun,
Abon-aboning panembah,
Kang kambah ing siyang ratri.







Iku kaki takokena,
Marang para sarjana kang martapi,
Mring tapaking tepa tulus,
Kawawa nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu,
Tan mesthi neng jaman wredha,
Tuwin mudha sudra kaki.

Sapa ntuk wahyuning Allah,
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
Bangkit mikat reh mangukut,
Kutukaning jiwangga,
Yen mangkono kena sinebut wong sepuh,
Liring sepuh sepi hawa,
Awas roroning atunggil.

Tan samar pamoring sukma,
Sinukmaya winahya ing ngasepi.
Sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning warana,
Tarlen saking liyep-ayaping ngaluyup,
Pindha pesating supena,
Sumusuping rasa jati.

Sajatine kang mangkana,
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi,
Bali alaming asuwung,
Tan karem karameyan,
Ingkang sipat wisesa winisesa wus,
Mulih mula-mulanira,
Mulane wong anom sami.

Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi,
Wong-Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senapati,
Kapati amarsudi,
Sudaning hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sasama.





Samangsane pasamuan,
Mamangun marta martini,
Sinambi ing saben mangsa,
Kala-kalaning ngasepi,
Lalana teka-teki,
Nggayuh geyonganing kayun,
Kayungyun eninging tyas,
Sanityasa pinrihatin,
Pungguh panggah cegah dhahar lawan nendra.

Saben mendra saking wisma,
Lalana laladan sepi,
Ngisep sepuhing sopana,
Mrih pana pranaweng kapti,
Tis-tising tyas marsudi,
Mardawaning budya tulus,
Mesu reh kasudarman,
Neng tepining jalanidhi,
Sruning brata kataman wahyu dyatmika

Wikan wengkoning samodra,
Kederan wus den ideri,
Kinemat kamot ing driya,
Rinegem sagegem dadi,
Dumadya angratoni,
Nenggih Kanjeng Ratu-Kidul,
Ndedel nggayuh nggagana,
Umara marek maripih,
Sor prabawa lan Wong-Agung Ngeksiganda.

Dahat denira aminta,
Sinupeket pangkat kanthi,
Jroning alam palimunan,
Ing pasaban seben sepi,
Sumanggem anyanggemi,
Ing karsa kang wus tinamtu,
Pamrihe mung aminta,
Supangate teka-teki,
Nora ketang teken janggut suku jaja.







Prajanjine abipraya
Saturun-turune wuri,
Mangkono trahing ngawirya,
Jen amasah mesu budi,
Dumadya glis dumugi,
Iya ing sakarsanipun,
Wong-Agung Ngeksiganda,
Nugrahane prapteng mangkin,
Trah-tumerah darahe padha wibawa.

Ambawani tanah Jawa
Kang padha jumeneng Aji,
Satriya dibya sumbaga,
Tan lyan trahing Senapati,
Pan iku pantes ugi Tinulad labetipun,
Ing sakuwasanira,
Enake lan jaman mangkin,
Sayektine tan bisa ngepleki kuna.

Lowung kalamun tinimbang,
Ngaurip tanpa prihatin,
Nanging ta ing jaman mangkya,
Pra mudha kang den karemi,
Manulad nelad Nabi,
Nayakengrat Gusti Rasul,
Anggung ginawe umbag,
Saben seba mampir masjid,
Ngajab-ajab mukjijat tibaning drajat.

Anggung anggubel sarengat,
Saringane tan den wruhi,
Dalil dalaning ijemak,
Kiyase nora mikani,
Katungkul mungkul sami,
Bengkrakan neng masjid agung,
Kalamun maca kutbah,
Lalagone dhandhanggendhis,
Swara arum ngumandhang cengkok palaran.








Lamun sira paksa nulad,
Tuladhaning Kanjeng Nabi,
O’ngger kadohan panjangkah,
Watake tan betah kaki,
Rehne ta sira Jawi,
Sathithik bae wus cukup,
Aja guru aleman,
Nelad kas ngepleki pekih,
Lamun pengkuh pangangkah yekti karamat.

Nanging enak ngupa-boga
Rehne ta tinitah langip,
Apa ta suwiteng Nata,
Tani tanapi agrami,
Mangkono mungguh mami,
Padune wong dahat cubluk,
Durung wruh cara Arab,
Jawaku bae tan ngenting,
Parandene pari-peksa mulang putra.

Saking duk maksih taruna,
Sadhela wus anglakoni,
Aberag marang agama,
Maguru angering kaji,
Sawadine tyas mami,
Banget wedine tyas mami,
Banget wedine ing besuk,
Pranatan ngakir jaman,
Tan tulung kaselak ngabdi,
Nora kober sembahyang gya tinimbalan.

Marang ingkang asung pangan,
Yen kasuwen den dukani,
Abubrah bawur tyas ingwang,
Lir kiyamat saben hari,
Bot Allah apa Gusti,
Tambuh-tambuh solah ingsung,
Lawas-lawas nggraita,
Rehne ta suta priyayi,
Yen mamriha dadi kaum temah nistha.






Tuwin ketib suragama,
Pan ingsung nora winaris,
Angur baya ngantepana,
Pranatan wajibing urip,
Lampahan angluluri,
Aluraning pra luluhur,
Kuna-kumunanira,
Kongsi tumekeng samangkin,
Kikisane tan lyan among ngupa boga.

Bonggan kang tan mrelokena
Mungguh ugering ngaurip,
Uripe lan tri-prakara,
Wirya, arta, tri winasis
Kalamun kongsi sepi,
Saka wilangan tetelu,
Telas tilasing janma,
Aji godhong jati aking,
Temah papa papariman ngulandara

Kang wus waspada ing patrap,
Mangayut ayat winasis,
Wasana wosing jiwangga,
Melok tanpa aling-aling,
Kang ngalingi kaliling,
Wenganing rasa tumlawung,
Keksi saliring jaman,
Angelangut tanpa tepi,
Yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.

Mangkono janma utama,
Tuman tumanem ing sepi,
Ing saben rikala mangsa,
Mangsah amamasuh budi,
Lahire den tetepi,
Ing reh kasatriyanipun,
Susila anorraga,
Wignya met tyasing sasami,
Yeku aran wong barek berag agama.







Ing jaman mengko pan ora,
Arahe para taruni,
Yen antuk tuduh kang nyata,
Nora pisan den lakoni,
Banjur njujurken kapti,
Kakekne arsa winuruk,
Ngandelken gurumitra,
Pandhitane raja sidik,
Tur wus manggon pamuncunge mring makripat.

Ngelmu iku,
Kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.

Angkara gung,
Neng anggga anggung gumulung,
Golonganira,
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun,
Kang wus sengsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip,
Sarwa sareh saking mardi martotama

Taman limut,
Durgameng tyas kang weh limput,
Karem ing karamat,
Karana karoban ing sih,
Sihing sukma ngreda sahardi gengira.

Yeku patut,
Tinulad-tulad tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Keh pra mudha mudhi dhiri lapel makna.

Durung pecus,
Kesusu keselak besus,
Amaknani lapel..
Kaya sayid weton Mesir,
Pendhak-pendhak angendhak gunaning janma.

Kaya kadyeku,
Kalebu wong ngaku-aku
Akale alangka,
Elok jamane den mohi,
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.

Nora weruh,
Rosing rasa kang rinuruh,
Lumeketing angga,
Anggere padha marsudi,
Kana kene kaanane nora beda

Uger lugu,
Den ta mrih pralebdeng kalbu,
Yen Kabul kabuki,
Ing drajat kajating urip,
Kaya kang wus winahyeng sekar Srinata.

Basa ngelmu,
Mupakate lan panemu,
Pasahe lan tapa,
Yen satriya tanah Jawi,
Kuna-kuna kang ginilut tri-prakara.

Lila lamun,
Kelangan nora gegetun,
Trima yen kataman,
Sak serik sameng dumadi,
Tri legawa nalangsa srah ing bathara.

Bathara gung,
Inguger ‘ngaraning jajantung,
Jenek Hyang Wisesa,
Sana pasenedan suci,
Nora kaya si mudha mudhar angkara.

Nora uwus,
Kareme anguwus-uwus,
Uwose tan ena;
Mung janjine muring-muring,
Kaya buta buteng betah nganiaya.





Sakeh luput,
Ing angga tansah linimput,
Linimpet ing sabda,
Narka tan ana udani,
Lumuh ala ardane ginawe gada.

Durung punjul,
Ing kawruh kaselak jujul,
Kaseselan bawa,
Cupet kapepetan pamrih,
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

Samengko ingsung tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dhihin: raga, cipta, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon

Sembah raga puniku,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
Kang wus lumrah limrah wektu,
Wantu wataking wawaton.

Ing uni-uni during,
Sinarawung wulang kang sinerung,
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit,
Mintonaken kawignyanipun,
Sarengate elok-elok.

Thithik kaya santri Dul,
Gajeg kaya santri brai kidul,
Saurute Pacitan pinggir pasisir,
Ewon wong kang padha nggugu,
Anggere guru nyalemong.

Kasusu asra weruh,
Cahyaning Hyang kinira yen karuh,
Ngarep-arep kurub arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkono iku,
Akale kaliru enggon.





Yen ta jaman rumuhun,
Tata, titi tumrah tumaruntun,
Bangsa srengat tan winor lan laku batin,
Dadi ora gawe bingung,
Kang padha nembah Hyang Manon

Lire sarengat iku,
Kene uga ingaranan laku,
Dhihin ajeg kapindhone ataberi,
Pakolehe putraningsun,
Nyenyeger badan mrih kaot.

Wong seger badanipun,
Otot daging kulit balung sungsum,
Tumrah ing rah mamarah antenging ati,
Antenging ati nunungku,
Angruwat ruweting batos.

Mangkono mungguh ingsun,
Ananging ta sarehne asnapun,
Beda-beda panduk panduming dumadi,
Sayektine nora jumbuh,
Tekad kang padha linakon.

Nanging ta paksa tutur,
Rehning tuwa tuwase mung catur,
mBok lumuntur lantaraning reh utami,
Sing sapa temen tinemu,
Nugraha geming Kaprabon.

Samengko sembah kalbu,
Yen lumintu uga dadi laku,
Laku agung kang kagungan Narapati,
Patitis tetesing kawruh,
Merubi marang kang momong.

Sucine tanpa banyu,
Mung nyunyuda mring hardening kalbu,
Pambukane : tata, titi, ngati-ngati,
Atetep, talaten, atul,
Tuladan marang waspaos.





Mring jatining pandulu,
Panduk ing ndon dadalan satuhu,
Lamun lugu legutaning reh maligi,
Lagehane tumalawung,
Wenganing alam kinaot.

Yen wis kambah kadyeku,
Sara sareh saniskaraning laku,
Kalakone sakan eneng, ening, eling,
Ilanging rasa tumlawung,
Kono adile Hyang Manon.

Gagare ngunggar kayun,
Tan kayungyun mring ayuning kayun,
Bangsa anggit yen ginigit nora dadi,
Marma den awas, den emut,
Mring pamurunging lalakon.

Samengko kang tinutur,
Sembah katri kang sayekti katur,
Mring Hyang Sukma sukmanen saari-ari,
Arahen dipun kacakup,
Sembah ing jiwa sutengong.

Sayekti luwih parlu,
Ingaranan piputoning laku,
Kalakwan kang tumrap bangsaning batin,
Sucine lan awas emut,
Mring alane lama amot.

Ruktine ngangkah ngukut
Ngiket ngruket triloka kakukut,
Jagad agung ginulung lan jagad cilik,
Den kandel-kumandel, kulup,
Mring kelaping alam kono.

Kaleme mawa limut,
Kalamatan jroning alam kanyut,
Sanyatane iku kanyataan, kaki,
Sajatine yen tan emut,
Sayekti tan bisa awor.





Pamete saka luyut,
Sarwa akeh saliring panganyut,
Lamun yitna kayitnan kang mitayani,
Tarlen mung pribadinipun,
Kang katon tinonton kono.

Nging away salah surup,
Kono anasajatining urub,
Yeku urub pangareb uriping budi,
Sumirat-sirat narawung,
Kadya kartika katonton.

Yeku wenganing kalbu,
Kabukane kang wengku winengku,
Wewengkone wis kawengku neng sireki,
Nging sira uga kawengku,
Mring kang pindha kartika byor.

Samengko ingsung tutur,
Gantya sembah ingkang kaping catur,
Sembah rasa karasa rosing dumadi,
Dadine wis tanpa tuduh,
Mung kalawan kasing batos.

Kalamun durung lugu,
Aja pisan wani ngaku-aku,
Antuk siku kang mangkono iku kaki,
Kena uga wenang muluk,
Kalamun wus padha melok.

Meloke ujar iku,
Yen wus ilang sumelanging kalbu,
Amung kandel-kumanlel ngandel mring takdir,
Iku den awas den emut,
Den memet yen arsa momot.

Pamoting ujar ikut,
Kudu santosa ing budi teguh,
Sarta sabar tawakal legaweng ati,
Trima lila ambek sadu,
Weruh wekasing dumados.





Sabarang tindak-tanduk,
Tumindake lan sakadaripun,
Den ngaksama kasisipaning sasami,
Sumimpanga ing laku dur,
Ardaning budi kang ngrodon.

Dadya wruh : iya, dudu,
Yeku minangka pandaming kalbu
Ingkang mbuka minangka mbuka ing kijabu’llah agaib,
Sesengkeran kang sinerung,
Dumunung telenging batos.

Rasaning urip iku,
Krana momor pamoring sawujud,
Wujudu’llah sumrambah ngalam sakalir,
Lir manis kalawan madu,
Endi arane ing kono.

Endi manis ndi madu,
Yen wis bisa nuksmeng pasang semu,
Pasamuwaning Heh Ingkang Maha suci,
Kasikep ing tyas kacakup,
Kasat mata lair batos.

Ing batin tan kaliru,
Kedhap kilap liniling ing kalbu,
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi,
Widadaning budi sadu,
Pandak panduking liru nggon.

ngGonira mamrih tulus,
Kalaksitaning reh kang rinuruh,
ngGyanira mrih wiwal warananing gaib,
Paran ta lamun tan weruh,
Sasmita jatining endhog.

Putih lan kuningipun,
Lamun arsa titah teka mangsul,
Dene nora mantra-mantra yen ing lahir,
Bisa aliru wujud,
Kadadeyane ing kono.





Istngarah tan metu,
Lawan istingarah tan lumebu,
Dene ing ‘njro wekasane dadi njawi,
Rasakena kang tuwajub,
Aja kongsi kabesturon.

Karana yen kabanjur,
Kajantaka tumekang Saumur,
Tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,
Dadi wong ina tan weruh,
Deweke den anggep dhayoh.

Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.

Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak-panduking pambudi,
mBengkas kaardaning driya,
Supadya dadya utami.

Pangasahe sepi samun,
Away esah ing salami,
Samangsa wis kawsitara,
Lalandhepe mingis-mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.

Dene awas tegesipun,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sakarsa,
Gumelar ngalam sakalir.

Aywa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwusireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sambadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
Sirnakna semanging kalbu,
Den waspada ing pangeksi,
Yeku waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning kasidan,
Sinuda suka sathithik,
Pamothahing napsu-hawa,
Linalatih mamrih titih.

Aywa mamatuh nalutuh
Tanpa tuwas tanpa kasil
Kasalibuk ing srebeda,
Marma dipun ngati-ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling.

Upamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak-bundhas anemahi

Lumrah bae yen kadyeku,
Atatamba yen wis bucik,
Duwea kawruh sabodhag,
Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.

Meloke yen arsa muluk,
Muluk ujare lir Wali,
Wola-wali nora nyata,
Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha-tandha sepi.

Kawruhane mung ana wuwus,
Wuwusane gumaib-gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandhita antiaga,
Kang mangkono iku kaki.




Mangka ta kanga ran laku,
Lakune ngelmu sajati,
Tan dahwen pati-openan,
Tan panasten nora jail,
Tan njurungi ing kaardan,
Amung eneng mamrih ening.

Kaunang ing budi luhur,
Bangkit ajur-ajer kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.

Tur kang nyulayani iku,
Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori,
Mung ngenaki tyasing liyan,
Aywa esak, aywa serik.

Yeku ilapating wahyu,
Yen yuwana ing salami,
Marga wimbuhing nugraha,
Saking Heb Kang Maha Suci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul-ucul kaki.

Mangkono ingkang tinamtu,
Tampa nugrahaning Widhi,
Marma ta kulup den bisa,
mBusuki ujaring janmi,
Pakoleh lair-batinya.
Iyeku budi premati.

Pantes tinulad tinurut,
Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
Kamulyaning jiwa diri,
Ora yen ta ngeplekana,
Lir leluhur nguni-uni.





Ananing ta kudu-kudu,
Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.